“ Aja budhal, Na!“ omonge Asti sepisan maneh. Dheweke pancen kepengin banget menging aku budhal. Biasane aku mesti ngrungokake lan nuruti omongane Asti. Nanging sepisan iki, aku rumangsa yen Asti wis akeh nyampuri urusanku. Asti ambegan dawa, katon dheweke durung bisa nampa kaputusanku.
“ Apa sing mbok goleki Na? kowe pengin pamer? kabeh ora kaya ngono Na! “ Asti saya alot ngandhani aku supaya mbatalno lungaku iki. Tak sawang mripate. Dheweke pancen tenan nglarang aku. Nanging iki kabeh wis dadi tekadku.
“ kandhanana aku Na! “ Asti nyentak aku. “ Ora ana maneh sing kudu tak omongke As, aku bakal lunga karo utawa tanpa pasarujukmu”. Wangsulanku saenakke. Aku banjur mlaku ninggalke Asti sing isih durung percaya krungu wangsulanku mau.
Asti, kancaku nalika aku isih dadi mahasiswa baru. Rong taun aku kancanan karo Asti. Dheweke tansah ngerteni kabeh masalahku. Asti salah sijining kanca paling apik sing tak kenal.
“ Na, aku ngerti kowe kuwat, nanging aku wedi yen laramu kuwi umat. “ Asti ngetutke aku saka mburi.
“ Wis As, ora ana gunane kowe nglarang aku. Kabeh wis tak putuske, aja nglarang aku As! Aku kuwi pancen bocah kang kuwat, ora gampang lara. Aku wis bola-bali munggah gunung.wis ora usah wedi yen ana apa-apa.” omongku sepisan maneh.
“ Na, kowe kancaku, aku ora pengin ana apa-apa marang kowe. Mengko yen kowe tiba piye. Opo maneh yen ana kewan-kewan kang buas ing gunung. Durung mengko manganmu kepriye. Gunung kuwi ora apik aknggo kesehatan. Pikirke dhisik sakdurunge dilakoni. Aja nganti kowe nyesel” omonge Asti seminggu kepungkur isih cetha ing pikiranku. Asti wis ngupaya nglarang aku.
“ ora usah wedi As, hla wong aku mung sedina wae kok. Aku isih duwe mental lan kekuwatan kanggo iki As. Sepisan iki wae lan kanggo sing terakhir “ kandhaku karo mlaku ninggalke Asti. Iya As,,, sepisan iki wae kanggo sing terakhir…….
Perlengkapan kanggo lunga iki wis tak siyapke. Aku ubet nglempiti klambi sing awut-awutan. Asti lungguh ing sacedhakku. Nganti saprene dheweke isih ngupaya nglarang aku lunga.
“ Aja kuwatir As, sesuk sore aku mesti tekan kene. Tenang wae sesuk yen wis tekan tak traktir rhandha royal “ omongku tanpa noleh Asti.
“ apa kuwi randha royal, hla wong aku iseh perawan kok randha”.
“ hlaa…”
“Kowe kuwi nyepelekke Na. aku ngerti perjalanan kaya iki ora ana artine kanggo bocah kaya kowe. Nanging kowe kudu eling kesehatanmu, Na “ Asti terus ngelingke marang apa sing bakal tak adhepi mengko.
“ Matur nuwun, As. Nanging aku lak yo ora tau menging kowe nyalurke hobimu moto kuwi. Tulung As, aja ngganggu aku”. tegesku.
“ Yen kuwi keputusanmu, aku ora bisa nyangoni apa-apa kajaba donga. Pangarepku kowe bali kanthi slamet. Kene saiki tak iwangi nata barangmu “. Kandhane Asti sinambi nyelipke barang embuh apa ing sak ngarep tasku.
“ Hla lak ngono, kene-kene gek ndang ditatakke barangku. ” Asti mesem.
Aku pancen tansah gumun marang kancaku iki. Sanadyan dheweke sibuk nanging dheweke isih nyempetke kanggo dolan ing kosku. Embuh kenapa aku ora bisa ngimbangi kabecikkane Asti marang aku. Nanging Asti tetep sabar ngadhepi sipatku sing nyebeli kanggone. Embuh kapan aku bisa mbales budine, nganti saiki wae aku isih ora ngrungokke nasihate.
‘ Wis siyap kabeh Na?” tekon Desi, kancaku ing pendakian iki. “ Heeh “ wangsulanku cekak.
“ yen ing gunung kuwi adem tho Na” pitakone Desi.
“ hem, ing gunung kuwi panas ora usah gawa jaket,” wangsulanku sak nggenahe.
“woo, yen ngono jaketku tak tinggal wae ya.”
“karepmu!”
“eh, iki aku gawa bolu kukus, mau tuku ing kantine Bu Siti. ” omonge Asti karo wenehake bungkusan.
“apikan tenan kowe ya Des”.
“Ya mesthi tho, Desi ngono lho ya, wis mesthi apikan!”
“halah”.
“gelem ora?”
“Emoh, aku ora doyan bolu kukus gaweane Bu Siti, ora enak.”
“ halah gayamu !! Eh, mau ing ngarep kosmu aku ketemu Asti. Kowe wis ketemu durung?. Dheweke jaluk tulung ngomong marang kowe, aja nganti lali gawa obatmu. Wedine mengko kenapa-napa”. Kandhane Desi karo turu ing kasurku.
“ngono tok tho.”
“apikan banget bocah kuwi, peduli banget karo kuwe”, omonge Desi.
“halah ngono tok, biasa wae Des, aku malah ora seneng kaya ngono”.
“ Aja ngono Na, Asti kuwi sing akeh mbok repotke. Sadar ora, dheweke kerep bolak balik mung pengin tilik awakmu wae. Apa yo ngono kuwi balesanmu?. Yen aku dadi Asti, wis tak tinggal wae kowe Na. ora peduli. He…he…he…”.
“ Dasar!” omongku karo nguncalke bantal tak antemke Desi.
“Jam 8 ngumpul ing gazebo. Mengko numpak kijange Pak Agus, aja telat.”
“Hla menyang gunung kok numpak kijang, piye tho!”
“Yo ben tho ya.” Desi ngguyu banjur lunga ninggalke aku.
Yen tak pikir apa sing dikandhake Desi mau pancen ora salah. Nganti saiki, Asti isih kerep nulung aku. Lan aku rumangsa Desi bener, apa piwalesku marang Asti?.
Pendakian iki kudu tak lakoni. Iki kabeh kanggo obsesiki lan wujud tanggungjawabku. Lan lara sikilku iki sansaya suwe tambah mari, rumangsaku.
Dalan iki isih kaya biyen. Aku isih apal rute sing kapisan tak liwati nalika isih dadi mahasiswa anyar bareng Asti lan kanca-kancaku. Dalan sing watune lan wit-witan kuwi isih kaya biyen. Ngadeg kokoh ngebeki dalan sing tumuju pucuk.
Tak nggo kabeh tenagaku supaya bisa tekan pucuk pas karo wektu sing ditentukke. Embuh apa sing gawe aku yakin bisa tekan pucuk gunung iki, mangka lara sikilku iki mulai krasa maneh.
Tak lewati dalan sing terjal lan menggok-menggok iki kanthi semangat. Arep tak buktikno karo Asti lan kanca liyane yen aku isih Ratna sing dhisik, ora Ratna sing lemah jalaran lara ing sikile kuwi.
Nanging…uh,,,sirahku krasa ngelu lan abot, lambeku ngilu. Kelingan maneh ukara-ukarane Asti seminggu kepungkur lan nalika terakhir aku arep budhal.
Tak jajal nggoleki barang sing diselipke Asti ing tasku. Jebul fotoku karo dheweke nalika pendakian biyen. Embuh kenapa tanganku ora bisa obah, pandelengku sansaya burem lan sakcedhakku mubeng-mubeng.
Tak deleng Desi ngobahke tangane tanda pisah marang aku. Digenteni Asti sing narik-narik sikilku. Tak deleng kanca-kancaku mlayu lan jerit embuh ngrubung apa lan ninggalke aku dhewekan. Aku nggoleki Desi sing mau mlaku ing sak ngarepku. Aneh, Desi ya mlayu ninggalke Aku lan melu kancaku liyane tumuju ing sakwalike watu sing ana ing protelon dalan.
Tak deleng sansaya cetha Asti lagi ngomong karo Desi. Heh As? Yo, bener kuwi Asti! Lagi apa dheweke ing kene? Alon-alon aku mlaku tumuju kanca-kancaku kae, karo ngempet lara ing sikilku iki. Tak cedhaki lan tak jajal nyeluk nanging kaya-kaya pada ora ngerti yen ana aku.
Asti gawa tustel ing tangan lan katon njupuk foto karo tustel kuwi. Embuh apa sing difoto kuwi. “ Wis pira suwene dheweke ana ing kene lan piye kedadeyane?” Tekon Asti marang bocah sing liwat.
“ Embuh aku ora ngerti As, aku wae bingung ngurusi awakku dhewe. Liyane wis arep tekan pucuk nalika krungu kabar iki” wangsulane bocah kuwi.
Aku sansaya bingung. Tak cedhaki Asti sing ndhodhok ing sacedhake tasku sing gletakan. Tak deleng sosok awak sing gumlethak ing lemah karo nyekeli foto ing tangane. Katon Asti nangis lan ngantem-nagantemke tangane ing lemah. Aku mlaku nyedhak. Kahanan ing kana sansaya rame.
Heh..kuwi…….kuwi aku!! Arep wae ora tak kenali sosok kuwi. Kenapa bisa kaya ngene?oh, awakku sansaya enteng lan kaku.
“ dheweke mau meksa mlaku, wis tak penging neruske pendakian iki nanging dheweke isih nekad. Lara saraf ing sikile umat. Aku ora bisa nulung nalika dheweke kepleset lan tiba mengisor. Sirahe natap wit, lan watu kuwi banter banget nibani sikile. Aku…aku ora bisa tumindak apa-apa As, sepuranana aku” ,tak rungokke swarane Desi mau.
“ ora ana sing kudu dingapura, kabeh wis kedadeyan. Ratna wis milih dalane dhewe. Didongakke wae muga dheweke tenang ing sandhinge Pangeran ” Wangsulane Asti pedot-pedot, dheweke neteske luh.
Peteng ing sacedhakku gawe sansaya sesek. Ayang-ayange Asti, Desi lan kanca-kancaku sansaya ngadoh. Aku njerit nyeluk, ora ana sing peduli. Sepi, peteng…… wis nutupi awakku sing sansaya biru lan ngilu……